ƒ/td„

Kalangwan Jawa Home Page

Home | Page Title | Page Title

Join ke Mailist Kaljw? Klik foto!
dmgt2.jpg

Dompet Kula Ical....!

Ing sak wijining dina Mat Pithi lunga nang Jakarta. Rumangsa mik kuwat numpak sepur, terus antri tuku tiket TATARMAJA (Blitar-Madiun-Jakarta). Ya jenenge wae Kereta Ekonomi, masiya ngguk tiket ditulis Kereta Cepat Tatarmaja, lewat swt... tetep ae kudu nyengkre nek kelas Utama koyo to Bima utawa Mutiara lewat.

Ning Mat Pithi seneng, wong sak gerbong isine macem-macem. Toilet kereta sing kudune kanggo bebuang, malah isine nangka utawa karungan lombok. Malah kadang ana penumpang sing nggawa kelapa, manuk tilang utawa pitik jago. Dadine angger wis mlebu Cikampek, nang gerbong sok-sok kerpungu ocehe manuk tilang utawa jago kluruk.

Sak tengahe lagi ngantuk, Mat Pithi kaget ambek umyeke ibuk-ibuk setengah tua sing ngajak putune. nDilalah lungguhe pas nang sebrang bangkune Mat Pithi.

"Le, dompete simbah mau endi.. kok ora ono?" ngono pitakonane ibuk-ibuk mau nang putune. Putune ora njawab malah nangis. mBahe sansaya kemrungsung, njupuk tas tangan abang, terus diadhul-adhul, dibiyaki tekan endi-endi tetep ora ketemu. Ngranggeh tas sing luwih gedhe diadhul-adhul ya ora ono. Suwe-suwe malah nangis dhewe:

"Walaah gek sesuk piye? mangka kabeh duwite nang kono. Terus piye besuk nang tanjung priuke... opo mlaku?"

Mat Pithi ora tega, terus ngomong: "Enten napa ta Bu...?" (ancene gebleg, wis ndelok kaet mau ijik takon?)

"Niki lhe Nak.... dompet kula ical.. kamangka isine duwit, ali-ali, kalung, gelange Gendhuk ibonipun wayah kula niki.... duuuuh...!"

"Lha nek ming ngebis teng Tanjungpriuk.. pun sesuk sareng kula.."

"Mboten ngaten Nak.. sing penting kula ajenge teng njakarta niki lak ngeterne mas-masan sing kula simpen teng dompet wau.. huhuuuuu".

Nangise saya serius malah direwangi ambek putune... penumpang sak gerbong melu gegeran... padha ngerih-erih.. malah ono sing langsung ngulungi duit ewon, liman ewuan, gopek... lsp. yo nang ibuk-ibuk iku utawa nang putune...

Dumadakan, Mat Pithi alok.. "Lha napa mboten mang blesekna teng setagen tah kotang sampeyan to mBah?" (saking judhege kurungu mbah ambek putu nangis ngglolo nang njero gerbong.)

Tetep karo nangis, Ibuk-ibuk mau kepengin nyengeni Mat Pithi sing sembarangan omong, nyebut kocomoto pilot barang... terus ngadek nyat... eeee putune mandheg nangise... terus alok:

"Mbah.. mbah.. lha iki dompete.... tok lungguhi..... hehehe...."

Ibuk-ibuk mau ora sido neruske niyate nyengeni Mat Pithi malah tetep mewek-mewek, ambek ngomong "Wooo..... lha niki napa... dompete kula lunguhii hiii..hihih.... hahahaaaaa...."

(penumpang sak gerbong melu ngguyu.... Mat Pithi langsung ngadek nyat kepengin nang toilet.... babah.. masiya toilet kebak nangka ambek lombok... tetep ae ngocor.. wong ora kuwat kepuyuh- puyuh saking kemekele... dompet kelungguhan dhewe... digoleki....)

Gak lucu ya? babah.. hehee

(2 Juli 2000)
Ki Denggleng Pagelaran